Kamis, 05 Januari 2012

Wayang Bagong

Bagong
Bagong iku dicipta seka wewayangané Semar. Mula saka kuwi, prejengané ora beda adoh. kaya déné wewayangan, Bagong awaké ireng. Tinimbang anaké Semar liyané, Bagong paling kurang ajar. Basa Jawané ora karuwan. Dhèwèké seneng ngritik apa waé.
Bagong iku asliné jenengé cukuran rambut. Bocah yèn dicukur plonthos kabèh, jenengé gundhul. Yèn sing diturahké mung ngarep thok jenengé kuncung. Yèn sing diturahké ing mburi dijenengi kuncir utawa kucir. Yèn rambut sing sisa ana sisih tengen utawa kiwa jenengé pethek. Nah bagong iku kanggo wong sing rambuté mung ana ing mburi sisih ngisor (cedhak gulu). Cukuran bagong uga disebut gombak.
Yèn dideleng seka pawakané, Bagong pancèn memper Semar. Nalika Sang Hyang Ismaya didhawuhi mudhun ing ndonya déning Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Ismaya njaluk diwenehi kanca. Kaya déné lumrahé panakawan kang artiné kanca kang nyekseni, paling ora punakawan ana loro. Sanghyang Tunggal banjur gawé bagong seka wewayangané Semar.
Bagong nduwé bojo jenengé Dèwi Bagnawati lan urip ing padhepokan Klampis Ireng.
Ing panggonan liya, Bagong sok diganti jeneng. Ana kang diowahi urutan keluwargané. Ing Jawa Tengah, bagong iku anak ragilé Semar. Déné ing panggonan liya, paraga kaya Bagong iki dadi pambarepé. Ing panggonan liya iku, Bagong sok diganti dadi Bawor, Carub, utawa Astrajingga

Wayang Anoman

Anoman
Wayang kulit Anoman
Wayang kulit Anoman.
Jeneng miturut basa
Basa Sangaskreta Hanumān utawa Hanumat (kasus nominativus singular)
Jeneng miturut aksara
Dewanagari हनुमत्
aksara Bali
aksara Jawa
Anoman iku paraga wayang ing crita Ramayana. Ing pedhalangan Jawa, Anoman uga katon ing Mahabharata, amarga dhèwèké tansah nunggu Dasamuka nganti akhir jaman. Anoman wujudé kaya kethèk. Paraga iki klebu wayang-wayang Bayu.

Bab lan Paragraf

 [delikna

[sunting] Dasanama

  • Maruti = angin
  • Anjaniputra = putrané Anjani
  • Hanuman (versi India)
  • Bayusiwi = putrané Bathara Bayu
  • Bayudara = putrané Bathara Bayu
  • Handayapati = nduwé daya/kakuwatan kang gedhé banget
  • Yudawisama = sénopati perang
  • Kapiwara = raja wanara
  • Mayangkara = asmané nalika wis dadi pandhita/begawan
  • Palwagaseta = wanara putih
  • Prabancana = angin
  • Senggana

[sunting] Wanara Hanuman

Ing vèrsi Indhia, Anoman wujudé wanara. Wanara dhéwé seka tembung wana kang tegesé alas lan nara kang tegesé manungsa. Dadi, ing kana wanara dudu kethèk, nanging sawijining makluk ing antarané manungsa lan kethèk, wujudé manungsa nanging nduwé buntut. Ing Basa Jawa, wanara nduwé teges kethèk.
Ing sawetara pérangan Indhia, ana kang muja Hanuman kaya déné déwa-déwa. Ana uga kang ngira yèn paraga mistis Cina Sun Wukong asliné Hanuman iki.

[sunting] Crita Wayang

Anoman iku putra Dèwi Anjani seka Hyang Pawana utawa Bathara Bayu. Sawisé lair, Anoman digawa menyang kahyangan Panglawungan déning Bathara Bayu. Sawisé cukup umur banjur dipasrahaké marang Sugriwa ing Guwa Kiskendha. Ing kéné, dhèwèké dikanthèni déning wanara kang nduwé swara éndah, yaiku Kapi Saraba.
Anoman banjur mbéla Rama nglawan Rahwana ngrebut Dèwi Sinta. Ing lakon Anoman Obong, Anoman ngobrak-abrik Alengka lan ngobong kraton.
Bojoné Anoman yaiku Dèwi Urangrayung kang isih mbakayuné Dèwi Urangayu. Seka jejodhoan iki lair uga wanara putih Trihangga.

Wayang Dewi Kunti

Dèwi Kunthi
Kunthi utawa Dèwi Kunthinalibrata utawa Dèwi Kunthi ing carita Mahabharata iku putri Prabu Kuntiboja. Putri iki seduluré Basudéwa (bapaké Baladéwa), Kresna lan Subadra. Dewi Kunthi iku ibuné Yudhistira, Werkodara, lan Arjuna lan uga bojo pisanané Pandhu Dewanata. Saliyané seka Pandhu, Kunthi uga peputra Karna seka sesambungané klawan Bathara Surya.

Bab lan Paragraf

 [delikna

[sunting] Asal-usul

Bapaké Kunthi iku Raja Surasena seka Wangsa Yadawa, lan wiwit bayi kaparingan jeneng Pritha. Banjur, dipèk anak déning Raja Kuntiboja. Wiwit kuwi Pritha nganggo jeneng Kunthi..

[sunting] Lelampahan

Nalika Kunthi isih mudha, dhèwèké kaparingan mantra seka Resi Durwasa supaya bisa nekakaké dewa-dewi. Sawijining dina, Kunthi nyoba ngundhang Bathara Surya. Surya pancèn terus rawuh lan banjur ndangu apa sing dikarepaké Kunthi. Kunthi malah nyuwun supaya Surya kondur waé. Amarga Kunthi wis ngundang nanging ora ana kekarepané, Surya mènèhi anak. Kunthi rumangsa ora butuh anak amarga isih prawan. Anak didèlèhaké ing kranjang lan dikèntiraké ing kali Aswa. Anak kuwi banjur ditemokaké déning kusir kraton Astina sing jenengé Adirata. Anak kuwi diparingi jeneng Karna.
Kunthi banjur dhaup klawan Pandhu, raja ing Astina nanging ora nduwé anak. Saliyané karo Kunthi, Pandhu uga dhaup karo Madrim. Nalika Pandhu kudu urip ing alas, Kunthi ngetokaké mantrané manèh. Kunthi ngundang telung dewa lan nyuwun putra. Putra pambajeng Yudhistira seka dewa Yama, keloro Bima seka Dewa Bayu, lan katelu Arjuna seka dewa Indra. Madrim uga banjur diajari migunakaké mantra kuwi lan peputra kembar: Nakula lan Sadewa, seka dewa Aswin. Putra lima mau banjur kawentar kanthi sebutan Pandhawa.
Sasédané Pandhu lan Dewi Madrim, Kunthi ngemong Nakula lan Sadewa, anaké Pandhu seka Dewi Madrim. Sarampungé Bharatayuddha, dhèwèké lan sedulur ipéné, Dretarastra, Gandari, lan Widura lunga tapa nganti tilar ndonya.

[sunting] Delengen uga

[sunting] Pranala njaba

 
 
Ahuka
 


 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 

 
 
 
 
 
 
Ugrasena
 
Dewaka
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Surasena
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Raja Cedi

 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 

 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Kamsa
 
Dewaki
 
Basudewa
 
9 putera
 
 
 
 
 
 
3 puteri
 
Srutasrawa
 
Damagosa
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 

 
 
 
 
 
 
Kresna
 
 
 
 
 
 
 
 
Kunti
 
Pandhu
 
 
 
Sisupala
 

 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Baladewa
 
Subadra
 
Yudistira
 
Bima
 
Arjuna
 

Wayang Bisma

Bisma
Resi Bisma
Resi Bisma
Déwanagari: भीष्म; देवव्रत
Éjaan Sanskerta: Bhīshma; Dévavrata
Jeneng liya: Dewabrata
Asal: Hastinapura, Karajan Kuru
Bisma utawa kawentar kanthi jeneng Resi Bisma kuwi sawijining pandhita kang lenggah ing pertapan Ngetalkandha. Resi Bisma kuwi klebu brahmanacari utawa abadhan wadat kang tegese Bisma kuwi ora kersa mengku garwa salawase urip. Anggoné ora kersa mengku wanodya ora kok merga ora payu rabi, nanging merga dhèwèké kuwi netepi ujar uni utawa netepi marang sumpah prasetyané kang wis kaweca sineksènan marang ingkang rama saha jagad saisiné. Ing jagading pedhalangan, akeh tinemu paraga kang asarira badhan wadat, ing antarané Radèn Laksmanadewa iya Laksmana Widagda (adhiné Prabu Rama), lan Resi Ramabhargawa.

Bab lan Paragraf

 [delikna

[sunting] Mangsa timur

Nalika isih timur asmane Raden Dewabrata (Devavrata), putrané Prabu Sentanu ratu Astina, wayahé Prabu Pratipa, panjalmane Prabu Mahabisa. Sejatiné Bisma iku ahli warisé kraton Astina kang nduwé hak gumanti jumeneng nata. Bisma miyos saka Dèwi Gangga, kalebu golonganing widadari, mula jeneng ora mokal menawa Resi Bisma kagadhuhan kasektèn kang linuwih. Apa manèh dadi muridé Resi Parasurama iya Ramabhargawa kang pancèn sekti mandraguna. Kaya kang kasebut ing ndhuwur, ramane Bisma kuwi Prabu Sentanu. Prabu Sentanu kuwi putrané Prabu Pratipa panjalmane Prabu Mahabisa ratu kang kasektèné tanpa tandhing, dadi Bisma iya isih keturunban kasektèné Prabu Mahabisa. Bareng Sentanu katilar garwa Dewi Gangga, kersane anggarwa Dèwi Durgandini, warandhane Resi Parasara iya Palasara. Durgandini kersa kagarwa Prabu Sentanu nanging nyuwun yen samangsane kagungan putra kakung kudu dadi ahli warisé jumeneng nata ana ing Astina. Sentanu bingung binulungan merga émut yèn wis kagungan putra Dewabrata. Yen Negara Astina disuwun putrane Dewi Durgandhini banjur kepriye Dewabrata ? Sentanu ora téga marang putrané iku saéngga ndadhekake banget sengkeling penggalihe. Dewabrata iya Bisma ngerti apa kang ndadèkaké sekeling ingkang rama.

[sunting] Sumpah Bisma

Bisma (tengen) sumpah ora bakal nikah sadawaning urip. Lukisan versi Indhia karya Raja Ravi Varma.
Dewabrata tuhu satriya kang bekti lan tresna banget marang ramané, nuli ngiklasaké waris kraton Astina waton ingkang rama bias kasembadhan anggarwa Dewi Durgandini. Wusana Prabu sentanu bias kelakon anggarwa Dewi Durgandini. Supaya Durgandini ora was-was alias khawatir yen nganthi cidra, Dewabrata banjur sumpah nedya dadi brahmacari kang ora bakal magepokan karo wanodya salawase urip. Sineksenan para dewa lan jagad saisine sumpahe Dewabrata kuwi, kinurmatan mendhung peteng ndhedhet lelimengan sarta udhan deres binarung suwarane guntur lan bledheg kang padha saut-sautan ing antariksa saengga kathon nggegirisi, Ya wiwit kuwi Dewabrata banjur ganthi asma Bisma (Bhisma) kang tegese priya kang sumpahe nggegirisi.

[sunting] Madeg pinandhita

Sabanjure, Bisma banjur ambegawan peparab Resi wara Bisma kang lenggah ing pertapan Ngetalkanda. Bisma kuwi pandhita kang sekti mandraguna tur gentur tapa. Ing paprangan tanpa tandhing, lan ora bakal mati yen during dadi kersane mati. Nanging Bisma iya duwe luput nalika ngagari senjata marang Dewi Amba, tanpa sengaja jemparing kuwi mrucut lan tumama, ndadhekake patine Dewi Amba. Ragane Dewi Amba muksa lan bakal nagih mbesuk ing perang Bharatayudha. Kaleksanan ing Baratayuda Bisma mati dening Srikandhi, iki panagihé Dèwi marang Dewabrata.
Bisma nduweni watak wantu becik, kendhel tur jejeg teguh atine. Bisma luwih tresna marang Pandhawa kang abudi luhur tinimbang marang Kurawa kang padha awatak adigang adigung adiguna. Bola-bali Bisma ngelingake Suyudana supaya Baratayuda diwurungake wae kanthi maringake Negara astina sigar semangka marang para Pandhawa. Nanging Suyudana ora maelu kabeh ngendhikane Sang Resi Bisma. Mula senadyan ana Astina, nanging atine Bisma mbelani para Pandhawa. Dene anggone kersa mbelani Astina kuwi mung jalaran astina kuwi wutah getihe, eling yen iku tinggalane para leluhure mula kepiye wae kudu dibelani.

[sunting] Perang bharatayudha

Ing perang Baratayuda, Resi Bisma madeg dadi senopati agung kang sepisanan. Mungsuhe Resi Seta (putrane Prabu Matswapati), Raden Utara dalah Wratsangka kang dadi senopatine para Pandhawa. Satemene, Bisma kuwi wis meh kalah mungsuh Resi Seta sing pancen luwih gagah lan gentur tapane kuwi. Bisma banjur lumayu nggendring saka paprangan dibujung Resi Seta. Playune Bisma kepalang Bengawan Swilugangga, mula banjur ambyur ing bengawan murih ora kecekel dening Resi Seta. Ana sajroning bengawan, Bisma kepanggih marang ingkang ibu Dewi Gangga. Dening ingkang ibu, Bisma diparingi pusaka aran senjata Cucuking Dandang utawa Kyai Jungkat piñatas.
Ringkesing crita, Resi Seta, Wratsangka lan Utara klakon gugur ing paprangan ketaman pusakane Bisma.
Sak sirnane Resi Seta, para Pandhawa ndhapuk senopati anyar. Saka iguh pertikele Prabu Kresna, sing jumeneng senopati kanggo ngadhepi Resi Bisma ora liya Dewi Wara Srikandhi, garwane Arjuna. Resi Bisma klakon sirna mungsuh Srikandhi, merga dibiyantu marang aluse Dewi Amba kang wis nate diperjaya dening Dewabrata.

Wayang Antasena


Antasena
Antaséna utawa uga sinebut Anantaséna. Teges tembung ananta yaiku tanpa wates déné sena yaiku njaga, nguwasani, kang mimpin.
Ing pedhalangan gagrag Jogjakarta, Antaséna iku anak ragilé Bima/Werkodara. Ibuné Dèwi Urangayu, putriné Hyang Mintuna (déwaning iwak ing banyu tawa) ing Kisiknarmada (muarané Gangga karo Serayu). Wiwit lair urip bareng karo ibu lan éyangé. Ing gagrag Surakarta, Antaséna kuwi asma liyané Antareja (anak pembarepe Werkudara).
Ing wayang, Antaséna iku kasatriyané ing Selamirah iya Randhugumbala. Garwané sesilih Dèwi Jenakawati, putriné Janaka/Arjuna. Satriya iki uga raket karo wuragilé Arjuna, Wisanggeni.
Antaséna ora naté gelem nganggo basa krama, jujur, prasaja, lan kendel. Gandhèng ibuné urang, awaké kebak sisik kang ora mempan déning gaman. Kadigdayané ana ing sungut mawa upas kang mapan ana sangisoré irung karan sungut upas warayang lan pengantèn lan nduwé aji-aji Cupu Maduséna sing bisa nguripké wong kang mati ing njaba takdiré.
Nalika Perang Baratayudha arep diwiwiti, Antaséna ngadhep Sanghyang Wenang. Sanghyang Wenang sabda yèn Antaséna kepengin Pandhawa menang, satriya iki kudu ora mèlu perang. Antaséna nyanggupi nurut kekarepané déwa. Sanghyang Wenang njaluk supaya Antaséna ndeleng netrané. Suwé-suwé awaké Antaséna dadi cilik lan banjur muksa.

Wayang Buto Cakil

Cakil iku sawijining antagonis ing wiracarita Mahabharata vèrsi Jawa. Lumrahé metu nalika satriya metu, yaiku sawisé gara-gara. Ing pérangan iki asring uga sinebut bambangan. Bambang iku artiné pemudha seka gunung, lan lumrahé sing dadi tandhingé cakil nganggo jeneng "Bambang". Kayata: Bambang Irawan utawa Bambang Arjuna. Nanging ora mesthi tandhingané Cakil kuwi nganggo jeneng Bambang.
Ora ana jeneng kang pesthi kanggoné Cakil. Umumé nganggo jeneng Ditya, kang artiné buta utawa raseksa. Ora kaya wayang raseksa liyané, tangan wayang Cakil bisa diobahké kabèh, kiwa utawa tengen. Untuné sing sisih ngisor luwih maju.
Ing tandhingan karo satriya mau, Cakil nganggo gaman keris. Yèn ing wayang uwong, keprigelané Cakil dolanan keris iki nengsemaké. Keris diuncal-uncalaké kaya bartender dolanan botol. Ing pungkasané, cakil bakal mati déning kerisé dhéwé.
Cakil lan Arjuna

Bab lan Paragraf

 [delikna

[sunting] Larah-larahané

Buta Cakil paraga wayang kulit inovatif utawa rekayasa seniman wayang Jawa.[1] Buta Cakil ing babon kitab Mahabarata utawa Ramayana ora diketemukake paraga iki. Tahun yasa paraga wayang iki ditengeri kanthi candrasengkala ''Tangan Yaksa Satataning Janma'' utawa taun 1552 Çaka yen dikonversi taun masehi dadi 1630 Masehi jaman Mataram ing mangsa pemerintahan Sultan Seda Krapyak. [2].

[sunting] Perang Kembang

'''Perang Kembang''' utawa '''Perang Begal''' yakuwi adegan perang utawa campuh antarane Buta Cakil karo satriya. Ginambarake Sang Satriya kang lagi liwat tengah wana dietut karo abdi-abdine Panakawan Semar, Gareng, Petruk, Bagong kapeksa kandeg lakune amarga dicegat dening Buta Cakil. Buta Cakil takon marang sang Satriya, jengen, saka tlatah ngendi, lan ana perkara apa nganti wani liwat wana kono. Takon pitakon lumaku saur manuk, nanging Buta Cakil ngotot dene sang satriya kudu sumingkir saka tlatah kono, amarga nginggati pakon Buta Cakil, loro-lorone banjur perang. Wusanane perang kembang dimenangake Sang Satriya, Buta Cakil mati ing pucuk curigane dewe.[3]. Adegan Perang Kembang lumaku ing wayah lingsir wengi, perang iki minangka lambang manungsa kang mulai ngidhak kadhewasan. [4]

[sunting] Sipat

Buta Cakil nduweni sipat utawa watak dengki, iri, lan jail. Praupane kang abang negesake sipat gampang ngamuk, matane kang sipit (kriyipan) tandha dengki lan ora tinarbuka atine. Cangkeme kang amba mratandhani yen Buta Cakil sombong, lan seneng misuh. suarane sing keméng, omonge sing gagap, wetenge sing mblending mratandani ulahe kang ala lan seneng ganggu.[5] . Kejaba kuwi Buta Cakil dilambangake mawa werna kuning utawa sipat Supiyah, yakuwi sipat sing seneng ngumbar nepsu syahwat, lan pepinginan. [6]

[sunting] Filosofi

Buta Cakil nggambarake nepsu manungsa. [2]. Nepsu manungsa kaperang dadi papat yakuwi, Amarah, Aluamah, Supiyah, lan Mutmainah. [2]. Campuh antarane Satriya lan Buta Cakil yaiku pralambang campuh manungsa nglawan nepsu pribadine. Curiga utawa keris Buta Cakil Minangka Simbol manungsa kudu bisa ngendaleni hawa nepsune, lamun manungsa ora waspada awak pribadine bisa mati lantaran nepsune dhewe lan sing bisa mateni hawa nepsune ora liya kejaba diri pribadi manungsa.

[sunting] Buta Prepat

Buta Prepat kuwi Buta cacah papat kang ditugasi njaga tapel wates kraton. [7]. kang kalebu bala Buta prepat yakuwi. [2]

[sunting] Dasanama

Kayadene paraga wayang liyane, Buta Cakil uga nduweni Dasanama utawa alias yakuwi
  • Ditya Kala Gendir
  • Ditya Kala Carang Aking
  • Ditya Kala Klantang Mimis
  • Ditya Kala Carang Aking
  • Ditya Kala Lintring
Ditya aneng wayang tegese Tumenggung, Buta Cakil asring dadi Tumenggung (pimpinan} Buta Prepat [8]

[sunting] Wanda

Wanda utawa ekspresi Buta Cakil kaperang dadi papat. [2]
  • Wanda Kikik utawa Benceng
  • Wanda Bathang utawa Cicir
  • Wanda Naga
  • Wanda Udalan

Wayang Prabu Pandhu

Pandu-kl.jpg
Prabu Pandhu iku ratu ing Astina (Ngastina), putrane Begawan Abyasa (Wiyasa) lan Dewi Ambiki, putri saka negara Kasi (Swantipura), randhane Prabu Wicitrawirya. Pandhu duwé kadang tuwa, asmane Dhestharastra, uga putrané Begawan Abiyasa karo Dewi Ambika (kadangé tuwa Dewi Ambiki), randhané Prabu Citragada. Dhestharastra duwé cacat netra (wuta), déné Pandhu duwé cacat tengeng guluné lan rainé pucet. Prabu Pandhu wiwit timur wis kaloka kadigdayané. Nalika lair naté dadi srayané déwa nyirnakaké mungsuh kahyangan: Prabu Nagapaya, ratu ing Kiskendhapura. Merga lelabuhané iki, Pandhu antuk nugraha jamang kencana sing tinretes barliyan, panah pusaka aran Ardhadedali (Hrudadedali) kang ing tembé dadi pusaka Arjuna, lenga Tala, lan dikeparengaké nganggo sesebutan Dewanata iya Dewayana.

[sunting] Jumeneng nata

Prabu Pandhu jumeneng ratu ing Astina nglintir kalenggahane ramane (Begawan Abiyata iya Prabu Kresnadipayana). Prabu Pandhu jejuluk Prabu Pandhudewanata, Pandhudewayana, iya Prabu Gandhawastra. Garwané Prabu Pandhu ana loro: 1 Dewi Kunthi Talibrata, putrine Prabu Kuntiboja saka Mandura, 2 Dewi Madrim, putriné Prabu Mandrapati saka Mandaraka. Saka garwa loro mau peputra cacah lima kakung kabèh kang sinebut Pandhawa. Pandhawa saka linggané tembung Pandhu lan "hawa", tegesé putané Pandhu. Satriya lima kuwi : Puntadewa (Yudhistira), Werkudara (Bima), lan Arjuna saka Dewi Kunthi, déné Nakula lan Sadéwa (kembar) putra saka Dewi Madrim. Aji-ajine Prabu Pandhu aran Lindhupanon, yen diwateg sing ketaman sanalika mumet lan bingung, Blabag Pangantol -antol lan Wungkalbener (aji aji iki dilintirake marang Patih Gandamana sadhurungake dilintirake marang Bratasena). Kejaba dadi muride Prabu Pandhu, Raden Gandamana disengkakakee ngaluhur jumeneng dadi patih lan senopati ing negara Astina. Negara Astina diasta Prabu Pandhu dadi negara kang gedhe lan loh jinawi. Ora ana parangmuka kang wani nekani.

Wayang Krisna

Kresna
Lukisan Kresna karyané Dominique Amendola
Lukisan Kresna karyané Dominique Amendola
Gelar sebagai Awatara Wisnu
Dewanagari: कृष्ण
Éjaan Sanskerta: kṛṣṇa
Dasanama: Narayana; Madhawa;
Wasudewa; Gopala;
lsp
Golongan: Wangsa Yadawa,
Awatara Wisnu
Dedalem: Wrindawan lan
Krajan Dwaraka
Gegaman: Chakram
Sisihan: Radha, Rukmini,
Satyabama, Jambawati,
lan 16.104 patutan liyané
Kresna (Dewanagari: कृष्णIASTkṛṣṇa; diwaca [ˈkr̩ʂɳə]) iku salah siji déwa sing dipuja déning umat Hindhu,arwujud pria kulit peteng utawa biru tuwa, nganggo dhoti kuning lan makutha saka wulu merak. Jroning seni lukis lan reca, umumé Kresna digambaraké pinuju main suling sinambi ngadeg kanthi sikil sing ditekuk. Legendha Hindhu jroning kitab Purana lan Mahabharata mratélakaké yèn Kresna kuwi putra kawolu Basudewa lan Dewaki saka krajan Surasena, krajan mitologis ing India Lor. Sacara umum, Kresna dipuja minangka awatara (inkarnasi) Dewa Wisnu kawolu ing antara sepuluh awatara Wisnu. Jroning sawetara sekte Hindhu, upamané Gaudiya Waisnawa, Kresna dianggep minangka manifèstasi saka bebener mutlak, utawa pawujudan Tuhan,[1] lan jroning tafsiran kitab-kitab sing mengatasnamakan Wisnu utawa Kresna, kaya Bhagawatapurana, Kresna dimuliakaké minangka Kapribadèn Tuhan Sing Maha Tunggal.[2] Jroning Bhagawatapurana, Kresna digambaraké minangka sosok bocah angon anom sing mahir main suling, déné jroning wiracarita Mahabharata Kresna dikenal minangka sosok pemimpin sing wicaksana, sekti, lan mrabawani. Saliyané kuwi Kresna dikenal uga minangka tokoh sing mènèhi ajaran filosofis, lan umat Hindhu yakin Bhagawadgita minangka kitab sing ngamot kotbah Kresna marang Arjuna ngenani èlmu rohani.

Bab lan Paragraf

 [delikna

[sunting] Kresna jroning pawayangan

Kresna iku sawijining paraga Mahabharata. Nalika isih timur, asmané Narayana. Ing pedhalangan, Kresna kondhang amarga lantip lan pinter micara. Karo Arjuna, Kresna kapilih dadi titisaning Bathara Wisnu. Raja ing kraton Dwarawati iki sawijining turuning Yadhu. Miturut padhalangan Kresna iku anake Prabu Basudewa, nata ing Mandura kang angka loro patutan karo Dewi Mahindra iya Dewaki. Kadange sepuh asmane Raden Kakrasana iya Prabu Baladrewa, dene rayine asmane Dewi Bratajaya iya Wara Sumbadra. Garwa-garwane yaiku Dewi Jembawati, putrine Resi jembawan ing pertapan Gandamadana, peputra Raden Samba Wisnubrata, Dewi Rukminiputrine Prabu Bismaka (Arya Prabu Rukma) ing Kumbina, peputra Dewi Titisari lan Raden Saranadewa (arang dikocapake) lan [[Dewi Setyaboma], atmajane Prabu Setyajid (Ugrasena) ing Lesanpura, peputra Raden Setyaka. Dewi Pratiwi (Pertiwi) putrine Sang Hyang Nagaraja ing kahyangan Sumur Jalatundha, peputra Raden Setija iyaPrabu Bhoma Narakasura, lan Siti Sundari. Miturut padhalangan, Kresna bisa jumeneng nata ing Dwarawati amarga bisa ngasorake yudhane yaksendra, Prabu Yudhakalakresna iya Kunjanakresna, nata Dwarawati kang pungkasan. Ing crita liya, ratu Dwarawati sing dikalahake Narayana iku jejuluke Prabu Narasinga Murti lan senopatine aran Raden Singamulangjaya kang uga banjur dikalahake dening Setyaki. Prabu Narasinga banjur manitis ana anggane Prabu Kresna, dene Singamulangjaya manunggal sajiwa karo Setyaki. Crita iki bisa ditemoni ing lakon wayng Bedahe Dwarawati. Dasanamane miturut padhalangan : Prabu Sri Bathara Kresna, Prabu Harimurti (putrane pak SBY asmane Harimurti),Sasrasumpena,Danardana (Janardana), Sang Padmanaba, Narayana, Giwangkaton,lan Prabu Lengkawamanik
Ing Bharatayudha, Kresna ora melu cawe-cawe langsung. Kresna mung ngatur sapa kang bakal dadi senopati. Nanging sadurunge perang diwiwiti, Kresna dadi utusan kanggo Pandhawa menyang Kurawa. Kadadeyan iki ana ing lakon Kresna Duta. Dene nalika Arjuna arep tandhing lawan Adhipati Karna, Kresna menehi wejangan marang Arjuna. Arjuna rangu-rangu arep mangkat perang amarga arep tandhing karo sedulure dhewe. Wejangan iki kondhang ing India tinulis ing Bhagawad Gita.
Pungkasaning crita, Kresna kena pitulahe sepata turuning namgsa Yadhu kang kudu tumpes.
Gaman:
  • Senjata Cakra : Panah awujud cakra (bunder kaya rodha) lan lancip ing pucuke.
  • Kembang Cangkok Wijaya Kusuma lan Wijayamulya: awujud cangkoking kembang kang bisa ngusadani wong lara utawa mati sadurunge wektune.
  • Kaca Paesan : Kaca kang bisa kanggo meruhi apa kang bakal kelakon.
  • Aji Pameling : kanggo nimbali saka kadohan, umpamane nimbali Resi mayangkara kang ana pertapan Kendhalisada supaya marak sowan.
  • Aji Kesawa kang dayane yen duka bisa malih brahala sagunung anakan (triwikrama) apraceka Ditya Balasrewu.
Kresna

[sunting] Liya-liya

Narayana sakadang nalika isih timur dititipake marang Ki Demang Antyagopa lan Nyai Sagopi ing Kadhemangan Widorokandhang. Iki kanggo nyingidake supaya aja nganthi konganan dening Kangsadewa, putrane kuwalon Prabu Basudewa saka Dewi Maerah kang jumeneng adipati ing Sengkapura kang kepengin nguwasani negara Mandura. Ya nalika ana ing Widharakandang iki, Narayana meguru marang Begawan Padmanaba ing Pertapan Girituba. Dening Sang Begawan pinaringan pusaka cacah loro aran Senjata Cakra Baskara, Kembang Cangkok Wijayakusuma lan kaca Paesan kang bisa kanggo ngawuningani kahanan sing bakal dumadi. Kejaba kuwi uga pinaringan aji "Kesawa" iya aji Balsrewu kang dayane menawa Prabu Kresna lagi duka banjur astane nyenggol bedhore Kesawa bisa triwikrama dadi brahala sagunung anakan sesilih Ditya Balasrewu. Sabanjure Sang begawan Padmanaba iya banjur manitis ana anggane Narayasa.
Prabu Kresna iku kawentar kadidene titising dewa Bathara Wisnu, dewa kang andhum kabahagyan lan keadilan. Mula ya wicaksana, waskitha, pinter, sekti mandraguna, sidik ing paningal lan yen duka bisa malih buta brahala. Prabu Kresna banget tresnane marang adhine ipe, yaiku Arjuna. Kresna lan Arjuna iku nganthi kerep diibaratake kaya godhong suruh lumah lan kurepe, nadyan beda wujude nanging yen digigit padha rasane. Ratu Dwarawati iki uga kondhang kadidene salah sijine paraga sing pinter (lihai) lan ahli strategi perang sing mumpuni. Nalika dumadine perang Baratayuda, Kresna dadi botohe para Pandhawa.
Ngarepe dumadine perang, tau minangka duta. Budhale menyang Astina nitih kreta dikusiri rayine, Setyaki. Ing Tegal Kuru lakune ditungka dewa cacah papat, yaiku Sang Hyang Narada, Sang Hyang Kanwa, Sang Hyang Janaka lan Ramaparasu kang ngersakake nyekseni anggone padha pirembugan.
Sawise Prabu Kresna tekan Astina, maune ditampa kanthi becik dening Prabu Duryudana sakadhang. Prabu Duryudana ya wis saguh mbalekake negara Astina sigar semangka marang para Pandhawa. Nanging nalika para dewa mau wis padha kondhur makayangan, Duryudana njabel kesaguhane. Layang prajanjen kang wis ditapak astani narendra kekarone disebit-sebit. Lan oran mung kuwi wae, ratu Astina kuwi uga banjur paring sasmita marang Patih Sengkuni lan Pandhita Durna supaya dhawuh marang para Kurawa amrih ngrangket lan nyirnakake Prabu Kresna. Kurawa klakon nglarak Prabu Kresna menyang alun-alun nedya disirnakake. Mesthi wae Prabu Kresna banjur duka yayah sinipi, banjur triwikrama malih dadi brahala kang gedhene sagunung anakan. Para Kurawa bubar mawut katrajang pangamuke Ditya Balasrewu. Miturut crita padhalangan gagrak Yogyakarta sing kalumrah kae, pangamuka Balasrewu uiku tundhone nggawa kurban Prabu Dhestharastra lan Dewi Gendari (bapa lan ibune para Kurawa) sedha sarimbit amarga kebrukan Baluwerti (beteng kedhaton)kang juruguk amarga pangamuke Balasrewu. Jugrugane beteng kang ngebruki Prabu Dhestarastra lan Gendari iku kinarya liwat playune para Kurawa kang dibujung brahala. Iki ateges, Prabu Dhstharastra lan Dewi Gendari pada wae diidhak-idhak dening para putrane dhewe, amarga anggone ora bisa ndhidik (nggulawentah) lan mulang-muruk bab kautaman marang para anak-anake.
Ana ing perang baratayuda, Prabu Kresna ngusiri kretane Arjuna nalika perang-tandhing lumawan Adipati Karna. Arjuna unggul yudhane, Adipati Karna gugur ketaman jemparing Pasopati.
Ing pakeliran, yen Prabu Baladewa kondhang kadidene ratu sing pakulitane putih mulus alias bule tekan balung sumsum, Prabu Kresna iki pakulitane ireng. Cocok karo asmane, tembung "kresna"werdine pancen ireng. Ireng tekan getih, balung lan sumsume. Pungkasane crita, Kresna sirna saragane amarga kena putulahe sepata turuning bangsa Yadhu kang kudu tumpes.