Kamis, 05 Januari 2012

Wayang Petruk


Tokoh pawayangan Jawa
COLLECTIE TROPENMUSEUM Papieren wayangpop voorstellende Petruk (kinderspeelgoed) TMnr 809-45b.jpg
Pétruk
Jeneg liyané: Dawala
Kantong Bolong
Dublajaya
Pentungpinanggul
Paraga: Punakawan
Jinis kelamin: Lanang
Ciri-ciri: Irungé dawa lan kulité ireng
Kaistimewaané: Senang guyon
Pusaka: Kapak
Petruk iku salah sijine Panakawan anake Semar, adhine Gareng, kangmase Bagong. Dheweké duwé bojo Dewi Ambarawati, putri saka Prabu Ambarasraya raja negara Pandansurat..
Paraga Pétruk iki ora disebutaké ing Kitab Mahabarata, dadi anané mung ing gubahan gagrag pewayangan Jawa. Ciri-ciri paraga Pétruk ya iku dedegé sing dhuwur lan irungé dawa. Pétruk sadina-dina tansah nggawa gaman arupa pethèl. Paraga iki kondhang ing lakon Petruk dadi Ratu.

Bab lan Paragraf

 [delikna

[sunting] Dasanama

  • Dawala
  • Kanthongbolong
  • Dublajaya
  • Penthungpinanggul
  • Helgeduelbek

[sunting] Asal-Usul

Asal-susule Petruk iki maneka warna versine. Ana sing nyebut yen mbiyen Petruk iki pangeran gagah perkasa, ana uga kang nyebut mbiyene anak pandhita sekti. Ing salah sijine versi iku, dheweke disebut asline anake pandhita raseksa ing pertapan Begawan Salantara. Nalika kuwi jenenge Bambang Pecrukpanyukilan. Dheweke senenge guyon lan dhemen gelut.
Ing padhepokan iku, Bambang Pecrukpanyukilan kondhang pilih tandhing. Mula saka kuwi, dheweke bancur ngulandara golek ngelmu lan nguji kadhigdayane. Ing tengah ndalan, dhèwèké ketemu Bambang Sukakadi (Garèng) saka pertapan Bluluktiba. Wong loro banjur adu sekti. Awak loro-loroné dadi rusak. Untung waé banjur dipisah déning Semar lan Bagong. Wong loro mau banjur dipèk murid / anak déning Semar. Carita kasebut ana ing lakon Bathara Ismaya krama.

[sunting] Delengen Uga

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jangan Takut Bertanya dan Berbicara.,.,.,.,.,.,
Luapkankanlah semua isi pikiran & hati anda disini.,.,.,
salam persahabatan.,.,.,.,.!!!!!!!!!!!!