Kamis, 05 Januari 2012

Wayang Prabu Pandhu

Pandu-kl.jpg
Prabu Pandhu iku ratu ing Astina (Ngastina), putrane Begawan Abyasa (Wiyasa) lan Dewi Ambiki, putri saka negara Kasi (Swantipura), randhane Prabu Wicitrawirya. Pandhu duwé kadang tuwa, asmane Dhestharastra, uga putrané Begawan Abiyasa karo Dewi Ambika (kadangé tuwa Dewi Ambiki), randhané Prabu Citragada. Dhestharastra duwé cacat netra (wuta), déné Pandhu duwé cacat tengeng guluné lan rainé pucet. Prabu Pandhu wiwit timur wis kaloka kadigdayané. Nalika lair naté dadi srayané déwa nyirnakaké mungsuh kahyangan: Prabu Nagapaya, ratu ing Kiskendhapura. Merga lelabuhané iki, Pandhu antuk nugraha jamang kencana sing tinretes barliyan, panah pusaka aran Ardhadedali (Hrudadedali) kang ing tembé dadi pusaka Arjuna, lenga Tala, lan dikeparengaké nganggo sesebutan Dewanata iya Dewayana.

[sunting] Jumeneng nata

Prabu Pandhu jumeneng ratu ing Astina nglintir kalenggahane ramane (Begawan Abiyata iya Prabu Kresnadipayana). Prabu Pandhu jejuluk Prabu Pandhudewanata, Pandhudewayana, iya Prabu Gandhawastra. Garwané Prabu Pandhu ana loro: 1 Dewi Kunthi Talibrata, putrine Prabu Kuntiboja saka Mandura, 2 Dewi Madrim, putriné Prabu Mandrapati saka Mandaraka. Saka garwa loro mau peputra cacah lima kakung kabèh kang sinebut Pandhawa. Pandhawa saka linggané tembung Pandhu lan "hawa", tegesé putané Pandhu. Satriya lima kuwi : Puntadewa (Yudhistira), Werkudara (Bima), lan Arjuna saka Dewi Kunthi, déné Nakula lan Sadéwa (kembar) putra saka Dewi Madrim. Aji-ajine Prabu Pandhu aran Lindhupanon, yen diwateg sing ketaman sanalika mumet lan bingung, Blabag Pangantol -antol lan Wungkalbener (aji aji iki dilintirake marang Patih Gandamana sadhurungake dilintirake marang Bratasena). Kejaba dadi muride Prabu Pandhu, Raden Gandamana disengkakakee ngaluhur jumeneng dadi patih lan senopati ing negara Astina. Negara Astina diasta Prabu Pandhu dadi negara kang gedhe lan loh jinawi. Ora ana parangmuka kang wani nekani.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jangan Takut Bertanya dan Berbicara.,.,.,.,.,.,
Luapkankanlah semua isi pikiran & hati anda disini.,.,.,
salam persahabatan.,.,.,.,.!!!!!!!!!!!!