Kamis, 05 Januari 2012

Wayang ABIMANYU

Abhimanyu
Abimanyu (Sangskreta Abhimanyu) iku sawijining paraga saka wiracarita Mahabharata. Dhèwèké putrané Arjuna lan Dèwi Wara Sembadra. Papan dunungé ana ing kasatriyan Tanjunganom iya Plangkawati.

Bab lan Paragraf

 [delikna

[sunting] Miturut tradisi India

Abhimanyu iku putra Arjuna karo garwané sang Subhadrā lan mula iku ditepungi mawa jeneng métronimik Saubhadra.[1] Dhèwèké matèni Lakṣamaṇa, putrané Duryodhana ing dina kapindho Bhāratayuddha.[1] Nanging ing dina kaping 13, dhèwèké dhéwé gugur.[1] Abhimanyu iku bagus banget lan garwané yaiku Uttarā, putriné Ratu negara Wirāṭa.[1] Putrané, sang Parikṣit bakal jumeneng dadi ratu ing Hastinapura.[1]

[sunting] Gambarané Abimanyu

Ing padhalangan, Abimanyu iku digambarké kadidéné satriya kang bagus citrané, alus budiné, nanging wataké getapan (gampang nesu) lan gampang mara-tangan.
Kaya ingkang rama, Abimanyu kondhang kadidéné satriya utama sing kuat tapabratané, mula Abimanyu klakon kasinungan wahyu-wahyu kanaréndran, kayata Wahyu Cakraningrat, Wahyu Widhayat, wahyu Antatwulan, lan sapituruté. manut wecaning déwa sapa sing kadunungan wahyu kasebut bakal bisa dadi naréndra gung binatara. Nanging Abimanyu ora nganthi klakon madeg ratu, jalaran dhèwèké gugur ing paprangan ing Tegal Kurusetra kanthi dikrocok gegaman lan dikroyok déning para Kurawa.

[sunting] Dasanama

  • Angkawijaya
  • Partasuta
  • Sumbadraja
  • Aribawa
  • Jayamurcita
  • Arjunatanaya
  • Kiritiatmaja
  • Jaka Pengalasan
  • Wanudara
  • Pamulatsih
  • Banjaransari
  • Bimamanyu

[sunting] Abimanyu nalika isih bocah

Nalika isih dadi bocah, Abimanyu klakon nyirnakaké nata ing Plangkawati, Prabu Angkawijaya lan patihé aran Jayamurcita, kang nduwé kekarepan arep nggarwa Déwi Wara Sumbadra kang wis diwengku garwa déning Arjuna lan peputra Abimanyu. Prabu Angkawijaya lan Jayamurcita tiwas saka tangané Abimanyu. Sukmané manjing ana ragané Abimanyu, lan negarané uga banjur dadi kasatriyané Abimanyu.

[sunting] Abimanyu dhaup

Abimanyu pisanan dhaup karo Dèwi Siti Sundari (Siti Sendari), putriné Prabu Sri Bathara Kresna ing Dwarawati. Dadi Abimanyu iku putra mantuné Prabu Kresna. Sabanjuré kanthi sesidheman uga krama antuk Dèwi Utari, putriné Prabu Matswapati ing Wiratha, patutan siji asma Radén Parikesit iya Paripurna kang ing tembéné jumeneng nata ana negara Ngastina sabubaré perang Baratayuda kanthi jejuluk Prabu Kresnadwipayana, (nunggak semi karo jejuluké ingkang éyang buyuté, Abiyasa iya Wiyasa).

[sunting] Guguré Abimanyu

Ing Perang Baratayuda, Abimanyu bisa klakon mbedhah gelar perang Cakrabhyuha, sing dipandhégani Pandhita Durna nadyan akhiré gugur kanthi tatu arang kranjang amarga diranjap gegaman marang Kurawa. Mula lakon Abimanyu gugur uga asring karan "Ranjapan Abimanyu Gugur" kang pancèn ngeres-eresi.

[sunting] Abimanyu lan Lesmana mati sampyuh

Ing peperangan, Abimanyu wis tatu arang kranjang lan katon tanpa daya, nanging isih tetep maju. Lesmana Mandrakumara iya Raden Sarojakusuma (putrané Prabu Duryudana, nata Ngastina) kang kepingin mrejaya Abimanyu, banjur maju nyaketi karo nggawa keris ligan. Keris iku arep kanggo nyuduk Abimanyu, nanging kurang prayitna. Abimanyu tetela isih nggegem keris Kyai Pulanggeni. Lesmana namaké kerisé marang Abimanyu kang njalari tumekeng pati. Nanging sadurungé sukmané oncat saka ragané, Abimanyu uga kasil nyuduk Lesmana Mandrakumara nganggo Pulanggeni nganti Lesmana tumekaning pati. Kekaroné mati sampyuh. Weruh Lesmana Mandrakumara mati, Jayadrata (bapa pamané Lesmana) ngepruk sirahé Abimanyu kang wis tanpa daya nganggo gada Kyai Glinggang saéngga musthakané ajur mumur. Abimanyu gugur ing madyaning rananggana. Para Kurawa surak ambata rubuh. Goteking wong akèh sing matèni Abimanyu iku Jayadrata iya Tirtanata.

[sunting] Sawisé Abimanyu gugur

Udan tangis para pepundhén Pandhawa. Arjuna sumpah, yèn dina iku uga ora bisa matèni Jayadrata, dhèwèké luwung lampus dhiri. Déning para Kurawa Jayadrata diumpetaké ing gedhong waja. Dijaga rapet, pamrihé supaya aja nganti bisa dipatèni déning Arjuna lan Arjuna dhéwé supaya klakon "tata glondhong" lampus dhiri kanthi cara pati obong. Nanging bab iku diwuningani Prabu Kresna (botohé Pandhawa). Jayadrata dipancing murih ngungak kahanan njaba liwat jendhéla. Ya nalika Jayadrata anguk-anguk liwat jendhéla kuwi, Arjuna nglepasaké jemparingé Kyai Sarotama. Ngenani janggané jayadrata saéngga tugel thel lan sirna margalayu.
Saguguré Abimanyu, Dèwi Siti Sendari nedya bela pati, ambyur ing pancaka utawa tumangan. Déné Dèwi Utari sing nalika iku nembé mbobot sepuh wijining calon ratu tlatah Jawa isih bisa digondhéli déning para pepundhèn.

[sunting] Serat kasusastran Jawa klasik

[sunting] Serat Wirayawita

Salah sijining wohing kasusastran Jawa klasik kang nyritakaké guguré Abimanyu pengawak kusuma kang wedi wirang wani mati iki, yaiku serat Wirawiyata. Serat arupi tembang sinom puniki anggitané pujangga kaloka Mangkunegara IV.
Cuplikan tembang sinom iku mangkéné : "Déné kadi Sang Partasuta, Bimanyu kala tinuding, Mangrurah kang gelar cakra, Dening Sang Yudhistira ji, Sukaning tyas tan sipi, Dupi rinoban ing mungsuh, Kesthi trahing satriya, Wedi wirang wani pati, Yekti mangku tamsiling para prawira".
Kaya kawuningan, isining Serat Wirawiyata anggitané Mangkunegara IV iku pancèn arupa piwulang bab kaprajuritan.

[sunting] Serat Tripama

Yoganira kang para prajurit, lamun bisa anuladya, duk ing nguni caritane, andel ira Sang Prabu Sasrabahu ing Maespati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama[2]
Lire lalabuhan triprakawis, guna bisa sanes kareng karya, binudi dadya unggule, kaya sayektinipun duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas katur ratunipun, purue sampun tetela, aprang tanding lan ditya Ngaka nagri, Suwanda mati ngrana
Serat Tripama uga nyiratakaké bab guguré para paraga wayang lan nyeritaake tuladha kang becik saking para paraga wayang: Arjuna Sasrabahu, Patih Suwanda (Bambang Sumantri), lan Kumbakarna.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jangan Takut Bertanya dan Berbicara.,.,.,.,.,.,
Luapkankanlah semua isi pikiran & hati anda disini.,.,.,
salam persahabatan.,.,.,.,.!!!!!!!!!!!!