Kamis, 05 Januari 2012

wayang Satyaki

Satyaki
Setyaki utawa Satyaki utawa Sencaki iku salah sawijining paraga wayang putrané Prabu Setyajid, raja negara Lesanpura. Jeneng ibuné Dewi Sini, putri Prabu Sanaprabawa.
Setyaki manggon ing Kesatrian Lesanpura kanthi garwa dewi Garbini, putri Prabu Garbanata ing Garbaruci.
Setyaki iku kondhang digdaya, watak wantuné atos, lan asring sinebut "Bima Kunthing" amarga kendelé kaya Bima nanging awaké cilik. Sanjatané Gada Wesi Kuning. Ing pedhalangan gagrag Jogja, gadané iki sinebut "Lukitasari".
Sikepé teges, jujur, adil, gagah, ngomong saperluné waé, lan asipat prajurit. Dhéwéké tansah siyaga njaga negara Dwarawati ing jaman Prabu Kresna. Mungsuh sejatiné yaiku Burisrawa.
Setyaki mati bebarengan klawan para trah keturunan Yadawa, Wresni, lan Andaka ing crita Mosalaparwa. Nalika kuwi bharatayudha wus rampung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jangan Takut Bertanya dan Berbicara.,.,.,.,.,.,
Luapkankanlah semua isi pikiran & hati anda disini.,.,.,
salam persahabatan.,.,.,.,.!!!!!!!!!!!!