Minggu, 15 Januari 2012

Cangkriman


1. Rasane padha karo jenenge = sepet
2. Biru bisane wungu dikapakke? Digebug, biru = babi turu, wungu = tangi.
3. Yen mlaku sikile loro, yen mandheg sikile sepuluh. = wong mikul tumbu utawa wadhah liyane sing sikile papat.
4. Enak endi, daging kucing karo daging pitik? = yen jawabe daging pitik, tegese sampeyan wis nate mangan daging kucing.
5. Burnas kopen, = bubur panas kokopen
6. Jinekpa surba ngisi = kaji menek klapa, susure tiba, ditangisi.
7. Jipat surlat kenthol = kaji mlumpat, susure mencelat, tekene ngganthol.
8. Langdikum ditasbir = lulang dikum, dientas njebibir.
9. Suru bregitu = asu turu dibregi watu
10. lan liya-liyane…

Geplak wedang jahe
bareng penak meneng wae
Golek pelem grethel arit
didemok gelem, di ciwel njerit
Kantor pos kulon boyolali
bokonge tepos, kakehan la………..ri

*SurlesPenen* = Kasur teles Di pepenen
*Yu Mae Rong* = yu Omahe Ngerong. . .
bakale Chino digantung = *Bakal* Sandhangan = Pakaian
ku cao san las e cah.. sing ku cao kon pui…= tuku cao sepisan gelase pecah..sing tuku cao kon nempu i ( ngganti)
pak boletus ( tepak kebo metu lelene satus )
pothel kidi ( tompo cementhel aki2 wedi )
pakboletus :tapak kebo ono lelene satus
gomodue't :pogo amoh mundu awetthukmis = bathuk klimis
kuping = kaku tur nyrepiping
kupluk = kaku tur nyempluk
Krikil = keri neng sikil
kripik=keri neng .,…,.,.
prawan =yen pepara(lelungan) wayah awanu
Tuan Sinyo = Untune gedawan,Gusine menyoyo.
lugu =lucu tur wagu
bathuk = nggo ngembat barang sing mathuk
kathok = diangkat sithok sithok [ nek nganggo]
kotang = sikute diutang [ nek nganggo ]
gojiwakmo = sego siji ,iwake limo [wong cluthak]
Ginastel : Legi panas kentel
burnaskopen=bubur panas kokopen
kopasus =kopi panas susu
Gadul = gadis gunungkidul...
gondes = gondrong deso
KANGKULNAS RENO DUTO JANOKO KULOK TONE=Kakang Mikul Nanas, Lereno Uduto, Jajano nongko Aku njaluk betone.
Jinekpa surba ngisi = kaji menek klapa, susure tiba, ditangisi.
Jipat surlat kenthol = kaji mlumpat, susure mencelat, tekene ngganthol.
Langdikum ditasbir = lulang dikum, dientas njebibir.
Suru begitu = "kata ini dilarang" turu diblegi watu
Bulan kirno : tumbu neng dalan singkirno
lotok keli:telo ketok ojo dicongkeli,..
Mban cinde mban siladan artine =pilih kasih ....


  • gowang pelot = jagone ana ing lawang, cempene mencolot
  • les-mba-dhonge-karwa-pete = tales amba godhonge cikar dawa tipete
  • manuk biru = pamane punuk, bibine kuru
  • pothel kidi = tompo cemanthel kaki wedi
  • segara beldhes = segane pera sambele pedhes.
  • tuwok rawan = untu krowok larane ga karuan
  • wit thoyung = yen dijiwit atho biyung
  • gerbong tulis = pager kobong watune mendhelis
  • sinyo tuwan = gusine menyonyo untune kedawan
  • buta buri = tebu ditata mlebu lori
b. Kang awujud irib iribing barang
  • bosok malah enak = tape
  • dicakot pucuke, sing kalong bongkote = rokok
  • emboke wuda anake ubet ubetan = pring
  • pitik walik saba kebon = nanas
  • tibane ngisor, digoleki dhuwur = gendheng trocoh
  • wit adhikih, woh adhakah = semangka
  • wit adhakah, woh adhikih = waringin
  • kayu mati ginubet ula mati = gasingan
  • dijupuki malah dadi mundhak gedha = juglangan
  • sego sak kepel dirubung tinggi = salak


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jangan Takut Bertanya dan Berbicara.,.,.,.,.,.,
Luapkankanlah semua isi pikiran & hati anda disini.,.,.,
salam persahabatan.,.,.,.,.!!!!!!!!!!!!